Gemblung vs Humor
Aku nemu kiye nang blog, jyan walaupun diwaca bali-bola tetep baen merguyokna koh, dadi kiyeh tak share nang kene karo maring basa banyumasan.
critane kiye ana perusahaan gedhe bukak lowongan, sewise test akademik lan psikotets diterus tes wawancara kanggo “ora” nrima karyawan, kepriwe critane jajal tiliki yuh….
G : Kowe nduwe umah apa ora…..?
a : durung….
G : Wah kowe ora bisa ketampa nang kene
a : Lho deneng……..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukna utang nang perusahaan.
a : Ah.. ya ora lah, Janjane wong tuwaku ya wis sugih.
G : Ya malah ora ketampa
a : Lho deneng kaya kuwe…..?
G : Mengko kowe kerja mung nggo hiburan, tongkrang-tongkrong thok.
G : Kowe nduwe motor apa ora….?
b : Ora.
G : Ora ketampa
b : Lho kok ora ketampa?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Janjane wis nduwe, api esih nang ndesa, gampang mengko tak jukute.
G : Wah malah ra ketampa….
b : lho deneng?
G : Tempat parkire wis ora cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana temenan…..?
c : Uwis pak….
G : Ora ketampa, kéné kiye golét sing lulusan SMA, luwih manutan tur mbayaré murah
c : Janjane aku lagi skripsi durung rampung
G : Malah ora ketampa…..
c : Lho priwe sih….?
G : Mengko kowé kerja mung ngetiki skripsi thok, nék wis lulus mesti golét kerja nang perusahaan liya.
G : Kowé seneng guyon apa ora ?
d : Ora pak, aku serius nék kon nyambut gawé.
G : Ra ketampa…..
d : waa……deneng?
G : Engko kanca kancamu lan anak buahmu padha stress.
d : Janjané ya sethithik-sethithik seneng guyon.
G : Malah ora ketampa.
d : Lho kok……
G : Mengko kowé gur email emailan sing lucu…….
G : Kowé mau ngeneh numpak apa ?
e : Numpak mobil
G : Kowé ora ketampa
e : hla sebabe ?
G : Siki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak terus bayarane
e : Waah, mau aku kur nunut thok
G : Tambah ora ketampa
e : Lho, lho deneng … ?
G : Mengko mung gawéné nunut mobil kantor thok. Ngrepoti !
G : Anakmu akeh apa sethithik ?
f : Akeh pak
G : Kowé ora ketampa
f : Sebabe ?
G : Nyambut gawemu ora tenang, mung mikirna gawe anaaaaaak terus
f : Lha wong kur anak adopsi, pak.
G : Tambah ora ketampa
f : Lho, lho deneng … ?
G : Gawé anak baé ora bisa, apa maning nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu apa durung ?
h : Durung
G : Kowé ora ketampa
h : Sebabe?
G : Arep nyambut gawé kok deneng ngerti gaweyané ?
h : Oo, nek pegawean sing kuwe wis ngerti pak
G : Tambah ora ketampa
h : Lho, lho kok … ?
G : Nek kaya kuwe Kowé kur arep keminter thok.
G : Kowe wis ngerti keadaan kantor kéné apa durung
k : Durung
G : Kowé ora ketampa
k : Sebabe ?
G : Arep nyambut gawé ora ngerti kantoré ?
k : Waah, sethitik-sethithik ya wis ngerti
G : Tambah ora ketampa
k : Lho, lha kepriwe kiye … ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wadine kantor, kan ?
G : Kowé sering mriyang ?
m : Hora
G : Kowé ora ketoampa
m : Sebabe ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 mriyang
m : Wah, janjane ya mandan sering
G : Tambah ora ketampa
m : Lho, lho priwe sih … ?
G : Kantor kiye ora nampa wong mriyangen.
G : Kowé bisa dolanan Internét ?
n : Hora
G : Kowé ora ketampa
n : Sebabe ?
G : Perusahaan ora nampa BI (Buta Internet)
n : Wah, janjane ya wis bisa
G : Tambah ora ketampa
n : Lho, lho deneng … ?
G : Mesthi ora bakalan nyambut gawé, kakehan dolanan Internet, thok? Ngenték-entekna benwit !
G : Kowe waras apa ora?
o : Lha, Nyong ya waras Pak.
G : Ra ketoampa…….
o : Kenangapa …..?
G : Mengko kowe mesthi ora betah neng kene.
o : Kuwe gemiyen pak, siki wis mandan kenthir.
G : Malah ra ketampa……
o : Priwe sih kiye….?
G : Mengko aku duwe saingan……….
Sumber : http://gambarpacul.multiply.com/journal/item/14
Juni 14th, 2008 at 3:27 pm
hahahahh.. basa jawa.. ###-oo :doh:
Juni 14th, 2008 at 7:50 pm
iya, neh…..bhs jawa
Juni 19th, 2008 at 1:39 pm
hahaha… lucu-lucu batok….hehehe…